Jumat, 14 Oktober 2016

contoh cerita cerkak

Tiba Ngglimpung

         Ing sawijining dina wayah jam loro awan,Tri,Mas Amir,Mba Wiwi,Rotun, lan Zulfa dolan ing umahe Mba Wiwi. Tri karo bocah sakmono pancen senenge dolanan. Wis pirang-pirang jam dolan,tetep ora bosen,nganti teka udan gedhe. Pas lagi enak-enake dolan lan awak lagi pada kasrepen,Rotun ngendika kaliyan nyekeli wetenge,
“Tri wetenge aku kok krasa mules,mau aku mangan apa yoh?Lali aku.”
“Mau awakmu mangan rujak sing pedes banget,yo pantes yen padharanmu mules.”Ngendikane Tri maring Rotun.
“Ohh..iyo yoh.”Rotun nembe kemutan.
Jebul Mba Wiwi mirengaken lan  ngendika,
“Ana apa iki kok Rotun nyekeli wetenge ?”
Rotun banjur njawab,
“Niki lo Mba,wetenge kula mules,amarga wau nedha rujak sing pedes sanget.”
“Oh ya wis,arep ditokna saiki?”Pitakone Mba Wiwi maring Rotun.
“Nggeh mba,tapi kula binging arep ditokna ing griyane eyang sing wonten wc-ne,apa ing kali mawon sing cedhak saka kene?”Jawabe Rotun ditambah karo pitakonan.
Zulfa lan Mas Amir mirengaken banjur ngendika,
“Sakpenake Rotun bae.”
“Ing kalli mawon Mas sing cedhak.”Jawabe Rotun.
Akhire Rotun mutusna arep ditokna ing kali.
“Sapa sing arep ndherek kula menyang kali?”Pitakone Rotun.
“Aku,aku,aku…………”Serentak njawab kabeh kajaba Mba Wiwi.
“Aku ngapuntene,ora bisa ndherek,amarga wau dipirsani Ibu jaga umah.”Ngendikane Mba Wiwi.
“Nggeh Mba mboten napa-napa.”Jawabe Rotun.
Banjur Mba Wiwi mlebet maring jero gudang arep jukut payung. Ora suwe Mba Wiwi metu wis mbekta payung kalih.
“Iki payung dianggo bae ben ora kudanen.”Tawane Mba Wiwi maring bocah papat mau.
“Nggeh Mba,maturnuwun.”Jawabe Tri.
Payung loro mau dianggo bocah papat,sak payung wong loro,Rotun kalih Tri lan Zulfa kalih Mas Amir.
Sawise teka ing kali,bocah papat mau bingung amarga dalan temurun sing maring ngisor kali lunyu banget.
“Haduhh,kepriye iki,dalan maring ngisor lunyu banget?”Pitakone Tri.
“Iya,kepriye iki,aku wedi mbokan ngglimpung maring ngisor kali.”Jawabe Zulfa lan Mas Amir.
“Mboten napa-napa kok Mas,kula tak wanikake.”Ngendikane Rotun.
“Aku mbatiri Rotun bae,ben misale tiba,ya tiba bareng.”Tri nambahi ngendikane Rotun.
“Ya wis,sing mudun bocah loro ndhisit ya?”Pitakone Mas Amir.
“Ya wis,aku kalih Rotun riyen sing mandhap.”Jawabe Tri.
Tri kalih Rotun wis siap-siap arep mudhun.Nembe loro tingkat mudhun,Tri kalih Rotun langsung tiba ngglimpung maring ngisor pinggire kali lan payunge kawur maring banyunan.
“Aduhh,lara banget iki.Awakku kaya arep remuk.”Ngendikane Tri.
“Iya Tri,aku padha.”Rotun nambahi.
Mas Amir kalih Zulfa ing dhuwur bingung arep nulungi anggo apa. Bocah papat mau padha nggoleti dalan panjatan liya sing ora lunyu. Ora suwe bocah papat mau wis nemokake dalan. Akhire Tri kalih Rotun bisa maring dhuwur panjatan kali. Bocah papat mau banjur padha wangsul menyang umahe dhewek-dhewek.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar